Thursday, July 2, 2015

CLBK

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk. Pas tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen. Gak keroso enak-enak CLBK dhadhak wis jam rolas bengi.

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik." jare Sudjak ndhik bekas pacare. Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

"Nang endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?" bojone mulai ngeroweng.

"Ngene lho dhik, pas tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak pacaran sampek lali mulih", jare Sudjak.

"Cak.. cak.. modelmu ae athik pacaran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!" jare bojone Sudjak. Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.

"Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh gak usah moleh !!"

Monday, June 29, 2015

Mente-ne Simbah

Jumangin sing nembe pindah omah, dolan nang omah'e Mbah Karyo tanggane.

"Mbah... Kados pundi kabaripun? Kulo Jumangin, tanggi sebelah."

"Oh..., iyo, ayo lungguh kene le..." Jare mbah Karyo. Pas ngobrol, nang mejo ono kacang mete sak toples.

"Mbah, kulo ngincipi metene nggih?" Jumangin omong.

"Iyo, iyo, jupuken wae.."

Sangking enake ngobrol, ora kroso Jumangin wis ngentekne mete sak toples...

"Wah Mbah, nuwun sewu mete nipun telas. Nyuwun ngapunten nggih ..."

"Ora popo le. Aku yo ora iso mangan kok, untuku wis ompong ora tedas mamah. Syukur nek iso entek. Wis suwe lehku nglumpuk'ke iku..."

"Oo... ngasto piyambak to Mbah?"

"Ora kok..., kuwi seko coklat Silverqueen. Tak emut nganti entek coklate, garek metene thok tak klumpukno... dadi sak toples iku, nek mbok entekno yo alhamdulillah"

😅😆😢😤

Monday, June 22, 2015

Tentara Baris

Mari pegatan Muntiyadi terus rujukan maneh karo Romlah. Masalahe Muntiyadi cinta pol karo Romlah.

Kapanane ndek kesatuanne Muntiyadi, tentara diperintah baris. Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro. Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone. Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.

Pas komandan ngecek barisan. Barisan sing pertama akeh pol. Barisan sing kedua cuman siji yo Muntiyadi thok.

Komandanne takok nang Muntiyadi : "Opo'o peno kok gak wedi karo bojo."
"Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku", jare Muntiyadi.

Saturday, June 20, 2015

Giliran Crito

Semar, Gareng lan Bagong dolan neng Suroboyo tilik Petruk.
Wong telu kuwi nginep neng Hotel JW Marriott, kamar neng tingkat 45.

Awan nganti bengi wong telu dolan neng Mall Plaza Tunjungan, pas balik hotel, tekan Lobby listrike mati, dadi kudu lewat tangga.

Ben ora kroso leh munggah wong telu bagi tugas. Seko tingkat 1- 15, Semar kudu crito sing lucu2, njur seko tingkat 16-30, Gareng kudu crito sing medeni, njur seko tingkat 31- 45, Bagong kudu crito sing sedih-sedih.

Wong telu mulai munggah, Semar mulai crito lucu-lucu, kabeh ngguyu-ngguyu ora kroso wis tekan tingkat 15. Banjur Gareng crito sing medeni marai tegang, ngerti-ngerti wis tekan tingkat 30.

Giliran Bagong kudu crito. Bagong (ekspresi rupo sedih): "Iki ceritone sedih buanget... Aku sakjane seko mau arep crito, tapi wedi nek marai jengkel."
Semar : "Crito o wae cepet, rapopo wis meh tekan tingkat 40!"

Bagong : "Ngene... Lho... Kunci kamar e ketinggalan neng mobil.."
Gareng : "Bagooooooooong... Ngopo ra crito ket mau?"... (mripate karo mendelik)
Bagong : "Lha aku durung entuk giliran crito je .. !!"

Njur Bagong & Gareng mudhun maneh meh njupuk kunci kamar.
Semar gandheng wis tuwo ora melu.
Tekan ngisor parkiran Gareng ngomong, "Gong, aku ana crita horor kie ..."

Bagong : "Horor piye Reng ..?"
Gareng : "Kunci mobile digowo Semar ..."

😂😂😂

Wednesday, June 17, 2015

Berbukalah Dengan Yang Manis

Suami: "Puasa hari ini tuh banyak banget godaannya Mi ..."
Istri: "Masa sih Pi? Apa aja tuh Pi, godaannya...???"

Suami: "Tadi ada cewek cantik, manis, imut dan semok lagi kena tilang, katanya takut pulang sendiri ntar dimarahin orang tuanya, terus Papi anterlah Mi pake motor, dia meluk tapi tangannya Papi singkirin karena Papi masih ingat kalo lagi puasa."
Istri: "Alhamdulillah ..."

Suami: "Sampe jalan turunan Papi ngerem, badannya nempel di blakang Papi Mi ... Papi jauhin supaya gak nempel lagi, Papi masih ingat kalo masih puasa."
Istri: "Syukurlah Pi ..."

Suami: "Di jalan nanjak dia mau meluk, Papi bilangin: Jangan ya, saya lagi puasa ..."
Istri: "Hmmmm, bagus deh ..."

Suami: "Sampe dirumahnya, Papi dibikinin minum, tapi Papi tolak soalnya kan puasa."
Istri: "Ah, so sweet Papi ..."

Suami: "Ternyata rumahnya lagi kosong Mi, soalnya orang-tuanya lagi pergi. Tiba-tiba Papi diseret ke kamarnya Mi ..."
Istri: "Jiaaah ... tapi Papi masih inget kalo puasa kan?"

Suami: "Yaaach ... kebetulan BEDUG BUKA udah bunyi. Alhamdulilllah ya Mi ... Papi ingat pesen mami: berbukalah dengan yang manis-manis."

Percuma Kuliah

Diruang kuliah, seorang dosen senior sedang memarahi mahasiswanya.

Dosen: "Menjawab saja tidak becus, kok malah bercanda dan ngobrol seenaknya. Menjawab soal aja juga ga ada yg tahu, jadi percuma aja kuliah ini. Hayo sekarang yang merasa DUNGU, BERDIRI !!!" sang dosen membentak.

Beberapa menit suasana hening ...

Tiba-tiba dari bangku belakang seorang mahasiswa berdiri.
Dosen: "Jadi kamu yakin betul, kamulah si dungu itu ???"

Mahasiswa: "Bukan begitu Pak, saya cuma tidak tega melihat Bapak berdiri sendirian."

Ketahuan

Suatu hari, seorang anak kecil memanjat pohon rambutan. Namun tiba-tiba, ia ketahuan oleh yang punya pohon.


"Hoooi, dasar anak bandel. Turun kamu! Ambil rambutan orang seenaknya. Nanti saya bilangin sama Bapak kamu baru tahu rasa!" bentak yang punya pohon.

Sambil merasa gugup, anak itu melihat ke atas pohon dan berkata, "Ayah ... kita ketahuan!"