Monday, June 8, 2015

Ramalan Bintang Zodiak Jowo

Ramalan jodiakmu dino iki:

1. Pirgo
Penggawean sing cocok: dodol blewah karo jengkol.
Keuangan: dhedhel dhuwel.
Asmara: golek sing rodo nggenah lan waras.

2. Akuwarius
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo.
Asmara: Sedhelok engkas jomblo,dikepret calon mertuwo.

3. Piskes
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
Keuangan: Ledheh kabeh, kakehan nogel.
Asmara: jare morotuwo "aku nggolek mantu tapi gak koyok raimu"

4. Ariyes
Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbecak.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
Asmara: upgrade-en dhisik dhapuranmu.

5. Tawurus
Penggawean sing cocok: dadi tradher.
Keuangan: kapusan konco dhewe. Njaluk diruwat.
Asmara: gak payu-payu, ganti pelet karo menyane.



6. Gemini
Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot.
Keuangan: ngedoli warisan mertuwo.
Asmara: gak jelas sir-siran-e lanang opo wedok.

7. Kanser
Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik.
Keuangan: sekarat, atene bangkrut.
Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.

8. Leyo
Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster.
Keuangan :mbrebet.
Asmara: ati-ati bakal kepelet bintang film kartun

9. Libra
Penggawean sing cocok: ngorek-orek larahan nek gak, dadi tukang golek beling.
Keuangan: gak enthos golek duwik.
Asmara: malem minggu sir-siranmu ngidham menek talang

10. Sekorpio
Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo.
Keuangan: podho mlarate, dikuras copet.
Asmara: nduwe sir-siran gak jelas karepe.

11. Sagitariyus
Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto.
Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo.
Asmara: ditempilingi ae karo bojomu.

12. Kaprikorn
Penggawean sing cocok: Dagang krupuk upil.
Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih!
Asmara: hambar, pacarmu njaluk rebonding kelek-e ajur mumur.

Source: ketawa.com

No comments:

Post a Comment