Showing posts with label boso jowo. Show all posts
Showing posts with label boso jowo. Show all posts

Monday, June 8, 2015

Ramalan Bintang Zodiak Jowo

Ramalan jodiakmu dino iki:

1. Pirgo
Penggawean sing cocok: dodol blewah karo jengkol.
Keuangan: dhedhel dhuwel.
Asmara: golek sing rodo nggenah lan waras.

2. Akuwarius
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo.
Asmara: Sedhelok engkas jomblo,dikepret calon mertuwo.

3. Piskes
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
Keuangan: Ledheh kabeh, kakehan nogel.
Asmara: jare morotuwo "aku nggolek mantu tapi gak koyok raimu"

4. Ariyes
Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbecak.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
Asmara: upgrade-en dhisik dhapuranmu.

5. Tawurus
Penggawean sing cocok: dadi tradher.
Keuangan: kapusan konco dhewe. Njaluk diruwat.
Asmara: gak payu-payu, ganti pelet karo menyane.

Saturday, June 6, 2015

Kunci Mobil

Bejo lungguh dewe'an nang Bar. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Brodin mlebu ambik nggandeng kodew limo uayu-ayu; terus lungguh nduk lounge, gayae ngebosi koyo' raja minyak, guyon memel karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e nggarai kemropok.
Bejo mbatin, "Kapan nasibku koyo' Brodin. Lha aku wedokan sitok ae gak gablek".

Pas Brodin mlaku nang Bar, Bejo ono kesempatan takon: "Din, yok opo carane awakmu iso oleh kodepan ayu-ayu?"
Brodin: "Ojo' crito-crito yo, tak kandani rahasiane .... mené nek awakmu dolin rene maneh... begitu awakmu lungguh ndik Bar, uncalno kunci mobilmu nang mejo Bar, wis mesti arek2 kodew iku marani."

Bejo: "Tapi aku gak duwe mobil, aku muk duwe sepeda montor wis elek, knalpote ucul pisan.... "
Brodin: "Awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki delok'en aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma' ngono thok modalku"

Mené bengi Bejo ketèbang-ketèbang mlebu kafe; Brodin wis ono' ndik jero lungguh karo kodepan telu. Bejo marani Bar karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI nang ndukur mejo Bar .... gak ono' reaksi babar pisan...

Kunci dijupuk maneh dikèsaki ... bareng ono' arek wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang Bar.... gak ono' reaksi maneh, malah di-guyu-guyu.
Brodin sing kaèt mau nguwasno ae langsung marani Bejo karo mbisiki: "Awakmu iku lho, cik gueblek nemen séé.... COPOTEN DISIK HELM sepeda montormu iku..." 

Friday, June 5, 2015

Kok Ra Nganggo ...

Tutup ngajari boso jowo ojob-e

Pak Tutup : "Dik..!! Coba tulisen neng papan tulis opo tulisan neng lambang Garuda  tulis!"
Sundari maju terus nulis neng papan tulis: 'BINEKA TUNGGAL IKA'.
Ndeleng tulisan iku Pak Tutup Gedeg2...
Sebab dudu BHINEKA tapi ditulis BINEKA.

Pa Tutup: "Ngopo ra nganggo BH?" karo mendelik.
Diomongi ngono ojob-e cepet2 nyekel dadane, amargo dhewek-e kroso nek ora nganggo BH, karo mesam mesem kecut (koyo ngombe kopi luwak).
Ojob-e : "Bapak  kok tau ?"
Pa Tutup: "Haaa yo cetho banget!! Lha wong ketok melok melok !! Cobo benerke", ngendikane Pak Tutup tambah molotot.

Ojob-e: "Hiks..hiks..(karo klecam klecem). Isin pak..., mosok mbeneraken teng mriki", jawabe ojob-e karo mesam mesem.
Pak Tutup: "Yo kudu sak iki kapan maneh...! Ngopo koq ora nganggo BH?"
Ojob-e : "Dereng garing pak, BH-ne..., nembe dijemur, lha wong namung setunggal.., hiks.. hiks.." karo ngguyu terus mencolot mlayu.

Pa Tutup lingak-linguk... ndomblong...

Sunday, May 31, 2015

Penyelundupan

Bejo tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore. Parah esuk, Bejo pethuk Sokran numpak sepeda gunung metu soko pelabuhan. Bejo curiga soale sepedae Sokran digandholi glangsing guedhe, kiwo tengen.

Mergo curiga, Sokran dicegat terus digeledah termasuk isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir thok.
Bejo takon "Kon laopo sepedaan nang kene ?"
Sokran: "Ngene lho Pak, aku iki seneng olahraga nang pinggir laut, angine enak,"
Bejo: "Lho laopo sepedamu apik2 kon gandholi pasir?"
Sokran: "Sepedaku iki entheng pak, cek rodhok abot sithik yo tak gandholi pasir iki."
Pikire Bejo yo masuk akal, akhire Sokran diculno.

Sesuke, Bejo pethuk Sokran maneh. Mergo sik curiga, Sokran diperikso maneh koyok wingi. Akhire pancen gak onok opo2, isine glangsing mek pasir thok, terus diculno maneh.

Kiro-kiro wis seminggu Bejo mulai bosen merikso Sokran, lek pethuk saben isuk mek manthuk thok.
Selama telung taun akhire ben isuk Bejo pethuk ambek Sokran numpak sepedaan. Arek loro iku mau malih dadi konco apik, kadang2 Sokran ditraktir ngopi lek isuk.

Mari ngono Bejo pindah tugas mbalik nang markas besar, gak tau pethuk Sokran maneh. Pas prei dowo, Bejo mangan nang restoran, ndadak pethuk Sokran maneh. Tibake Sokran iku sugih, montore sedan anyar. Bareng ketok onok Bejo, genti Sokran sing nraktir. Ambek mangan arek loro iku ngobrol.

Bejo: "Kran ... terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene. Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?"

Sokran: "Sepeda ..."

Malaikat Samber Nyowo

Gunawan  karo Waseso bengi-bengi peteng ndedet nyolong jeruk neng kebon mbah Wiryo. Wis oleh setengah karung, ono asu njegog. Gunawan karo Waseso langsung mlayu banter, wedhi konangan.

Tekan ngarep gerbang kuburan Kramat,  jeruke ambrol, ono loro   jeruke sing ngglundung , nanging dinengke wae, mergo kesusu arep cepet-cepet ndelik neng mburi kijing (maesan) timbang konangan wong liyo.

Kiro-kiro wis aman, Gunawan  karo Waseso wiwit metani hasile. "Aku siji ... kowe siji ... aku siji ... kowe siji ... aku siji ... kowe siji ... ".
Ngonooo terus, nganti ono Si Paijo liwat ngarep gerbang kuburan.

Paijo  kaget, mandeg! Mrinding krungu swara aneh soko njero kuburan angker......
"Aku siji ... kowe siji ... aku siji ... kowe siji ..."
Saking wedhine Paijo mlayu marani omahe Pak Kyai sing cedhak kono, karo ngos-ngosan, pucet, ndeprok dengkule meh copot, nuturake swara neng kuburan wingit mau.

Pak kyai penasaran, ngajak Paijo ndingkik neng ngarep gerbang kuburan, ora wani mlebu.
Paijo gemeter gocekan sarunge pak kyai seko mburi ...
Seko njero kuburan tetep krungu swara : "Aku siji ... kowe siji ... aku siji ... kowe siji ... "

Paijo bisiki kiayine: "Kyai ... menopo niku swara malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporke dumateng gusti sing kuwaos Pak Kyai?"
Paijo takon merinding lan gemeter keweden ... 
"Mbuh aku dewe ora paham", jawabe Pak Kyai karo nahan napas ...

Ora suwe ono swara maneh seko njero kuburan, "Iki wis rampung kabeh, saiki kari loro neng ngarep gerbang kuburan kae arep dijupuk sopo? Kowe opo aku??"

Pak Kyai lan Paijo: "WAAAAAAAA... .blaik tenan ikiiii.....!! "
Njenggirat kaget saknaliko Pak Kyai lan Paijo mlumpat kalen, mlayu keponthal-ponthal nganti sandale keri ... wedhi karo Malaikat Samber Nyowo.

Nguntal Yuyu

Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
"Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Iyo tah?" takok Bunali.
"Iyo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh", jare Wonokairun.

"Lho kok isok?" jare Bunali.
"Sing pertama mati nguntal yuyu", jare Wonokairun

"Lha sing kedua?" takok Bunali
"Sing kedua mati nguntal yuyu", jare Wonokairun.

"Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan tah?" Bunalu kemeruh.
"Gak. Matine mergo tak gibheng", jare Wonokairun.

"Lho opoko?" takok Bunali.

"Soale gak gelem nguntal yuyu ..."

Nyolong Wedhus Diukum Luwih Abot

Berita dari Pengadilan Negeri Purwokerto, tentang putusan hakim untuk terdakwa Pariman dan Sartono.
Karena keduanya tidak  bisa berbahasa Indonesia, maka kabarnya pun tidak menggunakan Bahasa Indonesia.

Vonis Hakim adalah sebagai berikut :
"Sartono diukum rong wulan penjara merga nggawa mlayu wong wadon. Pariman rong taun penjara, merga ngowo minggat weduse wong"

Pariman: "Pak Hakim, inyong ora trima putusan, masa si Sartono nggawa mlayu  wong wadon mung diukum rong wulan, tapi inyong nggawa mlayu wedus masa diukum rong taun, inyong protes. Inyong ora terima !!!"

Hakim: "Kyeh... kaya kiye... si Sartono divonis rong wulan sebabe wani tanggung jawab, terus kawin, rika gelem kawin karo wedus ora??? Nek gelem vonise dirubah dadi rong dina !!!"

Ning Tina Gak Nggawe ...

Ning Tina, guru SMA, muleh ngajar, deweke langsung madul nang bojone (Cak Budi) ...

Ning Tina : "Mas, mau nang kelas, rudy, khirsna, budi, yanto, agus iku bolak-balek ngelugurno barange nang ngarepku, yo petlot, yo penggaris, yo buku sisan bolak-balek ditibakno dijupuk maneh gregeten aku masss ..."

Cak Budi : "Ati2 lho deek, iku akal buluse arek-arek kate ndelok sempakkmu."

Ning Tina : "Yo kaaan ... Aku wes kroso ngunu mas. Untung dino iki aku gak nggae sempak. Kapok sukur arek-arek ga iso nontok sempakku, hahaaaahhaa ..."

Cah Budi : "Opo deeeek !%$??!"

Kepikiran Mari Malam Pertama

Cak Mar sik tas rabi, lenger-lenger nang pos hansip koyok wong liwung. Gak sui Cak So liwat.

"Mar, kon iku manten anyar gak tambah seger lha kok malah lungset nyaprut. Opoko kon iku Mar?" takok Cak So.

"Iyo Cak, aku kepikiran bojoku", jare Cak Mar.

"Opoko bojomu iku, wong tak dhelok bojomu iku tahes ngono lho", jare Cak So.

"Ngene lho Cak. Aku iki biasa njajan. Lha pas mari main malam pertama wingi, aku ngetokno dhuwik seketan. Pikirku, arek wedhok sing bodine koyok ngene paling banter taripe seket ewu. Aku luali pol lek tibake iku bojoku dhewe", jare Cak Mar.

"Kon yo ngawur ae. Tapi wes gak usah dipikir nemen-nemen, paling bojomu tersinggung sedhiluk terus mari ngono yo kangen ambek peno maneh."

"Aku kepikiran gak perkoro wedi bojoku tersinggung", jare Cak Mar.

"Lha opo lho masalahe?" Cak So malih bingung.

"Mari tak ke'i seket ewu, dadak aku disusuki selawe !@#??!"

Melbu Kabe

Di sebuah acara penyuluhan Program KB di Bangkalan, Madura.

Penyuluh KB: "Sampeyan anake piro, Cak?"
Cak Mat: "Sepoloh".
Penyuluh: "Gak mlebu KB tah sampeyan?"
Cak Mat: "Bo aboo...ndek remak Cak...... mlebu kabe? Mlebu thitik ae anakku sepoloh, mlebu kabe..... anakku piro....?"


Hendro Ngesir Jumiatun

** GUYON SEGER TOMBO ANGOP **

Sore iku Hendro lagi numpak sepeda motor, nggoleki omahe  Jumiatun, kenalan anyar oleh saka pesbuk..
Rumangso kesasar, Hendro langsung mbukak pesbuk.. terus inbox-an nang akune FB Jumiatun..

Hendro : "Halo Yang Jum.. aku wis teka daerahmu iki.. Terus mlebu gang sing endi..?"

Jumiatun : "Sing enek gapurane Mas, terus sampeyan lurus kira-kira 25 meter ono omah gedung tingkat apik, warnane biru, mobile akeh.."

Hendro : "Siap..! aku wis teka kono.. iki omahmu to Jum..?"

Jumiatun : "Dudu Mas sampeyan belok kanan kira-kira 10 meter ono lapangan badminton.. Lha sebelahe lapangan iku.."

Hendro : "Pasti iku omahmu yo Jum..?"

Jumiatun : "Iku omahe tukang jahit Mas.. Lurus ae mengko mari jembatan ketemu omah, ono tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."

Hendro : "Mesti iku omahmu khan..?"

Jumiatun : "Iku jenenge konter Mas.. sampeyan belok kanan ae, terus ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.."

Hendro (wis arep ngamuk) : "Omahmu Jum..?"



Jumiatun : "Iku gerbang kuburan Mas.. sampeyan ojo mlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko weruh peternakan bebek gede iku.."

Hendro (kudu ngamuk temenan) : "Aaarggh..! Iku omahmu to..?"

Jumiatun : "Aku dudu bebek Mas.. iku isih lurus terus.... mengko ketemu alas.. ikuu.."

Hendro (muntab) : "Iku omahmu Juuum..?!"

Jumiatun : "Aku dudu monyet Mas.. sampeyan lewat alas lurus terus, mengko ketemu masjid.. lha sebelahe masjid iku.."

Hendro (emosi pol) : "Nek pisan iki ngomong dudu omahmu..tak santet temenan awakmu Jum..!!!"

Jumiatun : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong kok ngamuk-an.. yo iku omahku.. wis ketemu durung Mas..?"

Hendro (lega campur lemes) : "Iyo.. aku wis nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo Ayang Jumm.. gawe pegele awakku.. Awas mari ngene, ketemu tak jiwiti sampeyan.. hehehe.."

Jumiatun : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono emakku kok.."

Hendro  : "Lho kok malah emakmu sing dikongkon nemoni..? Lha awakmu nang endi Jum..?"

Jumiatun : "Aku.. aku.. wis suwi nang Hongkong dadi TKW Mas.."

Hendro langsung ndlosor nang suket kejet-kejet stroke kumat stadium pitulas..