Tuesday, July 28, 2015

Bapakku Kate Mati ...

Enak-enak turu tengah wengi, anake Cak Sokran nuangis koyok wong kewedhen. "Aku ngimpi Mbah Kakung mati ..." jare anake.

"Wis gak athik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare Cak Sokran.

Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Sokran mati kenek serangan jantung.

Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. "Aku ngimpi Mbah Putri mati...." jare anake.

"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare Cak Sokran.

Menene onok interlokal maneh lek ibuke Cak Sokran tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.

Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi. "Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.

"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare Cak Sokran.

Mari anake turu maneh, genti Cak Sokran sing gak isok turu. Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.

Isuke Cak Sokran tetep seger buger. Bojone Cak Sokran genti sing nangis berok-berok. "Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare Cak Sokran.

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."

Sunday, July 12, 2015

Niat Sholat Subuh

Paiman : "Min, aku blajarono niate sholat subuhan nek pas nang masjid po'o ..."

Paimin : "Yo ayo gampang... tirokno yoo... Usholli fardlol subhi ..."

Paiman : "Usholli fardhol subhi..."

Paimin : "rok'ataini mustaqbilal qiblati.."

Paiman : rok'ataini mustaqbilal qiblati.."

Paimin : "adaa an..."
Paiman : "adaa an.."

Paimin : "makmuuman..."
Paiman : (meneng ae...)

Paimin : "makmuuman...!!!"

Paiman : " mak mu dhewe min !!! tak kaplok pisan  koen  engko nek pisan engkas ngilokne makku...!!"

Paimin : "ancen awakmu gak entos blas Man.. Dikandhani ngengkel thok ae!"

😄😄😄😄😜

Sunday, July 5, 2015

Jin Apik'an

Tombo ngantuk...ngenteni buko...

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit
asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.

"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare
jine.

"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat.

"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin
apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.

"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku
kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat

"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.

"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.

"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." jarene Kayat.

"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang
njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.

"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku kepingin kulitku malih
putih wudho dirubung wong wedhok akeh".

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.

Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis
dadi tahu ...

Friday, July 3, 2015

Ruangan Ajaib

Wak So lagek pertama kali iki nglencer nangx Tunjungan Plaza (TP)  ambek anak bojone.

Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndelok sembarang kalir sing onok nang TP.

Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krumkruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muning mak tiing!

”Bes, opo iku jenenge . . .” takok Togog anake Wak So pas ndelok lawang wesi iku.

”Aku yo gak weruh pisan nak... sak umur-umur lagek pisan iki onok lawang wesi koyok ngene.” jare Wak So.

Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku ngematno ambek ndomblong.

Moro-moro onok wong wedok tuwek sak pantaran bojone Wak So mencet tombol lawang wesi iku mau.

Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedok tuwek iku mau mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh.
Mari muni ting!...., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek papat mandeg.
Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg.

Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake sing metu iku arek wedok ABG ayu semlohe.

Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedok iku.

Mari mikir dhiluk, Wak So mbengok nang anake, ”Le!...ndang cepetan Makmu lebokno kono ..”

😅😄

Thursday, July 2, 2015

CLBK

Sudjak pamitan ambek bojone kate tuku rokok sedhiluk. Pas tuku rokok, dhadhak Sudjak kepethuk bekas pacare biyen. Gak keroso enak-enak CLBK dhadhak wis jam rolas bengi.

"Waduh blaen iki, isok mencak-mencak bojoku. Aku njaluk wedhakmu sithik." jare Sudjak ndhik bekas pacare. Mari njaluk wedhak, Sudjak pamitan mulih.

"Nang endhi ae peno iku Cak, tuku rokok nang Hongkong tah ?" bojone mulai ngeroweng.

"Ngene lho dhik, pas tuku rokok aku pethuk cewek ayu terus dijak pacaran sampek lali mulih", jare Sudjak.

"Cak.. cak.. modelmu ae athik pacaran barang.. sik ndhelok tanganmu !!!" jare bojone Sudjak. Pas didhelok, tangane Sudjak putih kabeh.

"Kaspo thok . .!!! Mene sampek konangan karambol maneh gak usah moleh !!"