Tuesday, July 28, 2015

Bapakku Kate Mati ...

Enak-enak turu tengah wengi, anake Cak Sokran nuangis koyok wong kewedhen. "Aku ngimpi Mbah Kakung mati ..." jare anake.

"Wis gak athik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare Cak Sokran.

Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Sokran mati kenek serangan jantung.

Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. "Aku ngimpi Mbah Putri mati...." jare anake.

"Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh" jare Cak Sokran.

Menene onok interlokal maneh lek ibuke Cak Sokran tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.

Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi. "Aku mimpi bapakku mati... " jare anake.

"Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare Cak Sokran.

Mari anake turu maneh, genti Cak Sokran sing gak isok turu. Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire.

Isuke Cak Sokran tetep seger buger. Bojone Cak Sokran genti sing nangis berok-berok. "Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare Cak Sokran.

"Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...."

No comments:

Post a Comment